Malari

Peristiwa Malari ing Senen

Malari utawa Peristiwa (Malapetaka Limabelas Januari) ya iku kadadéan dhémonstrasi mahasiswa lan haruhara sosial kang ana nalika tanggal 15 Januari 1974.[1] Prastawa iki kadadéan nalika Nayakotama (PM) Jepang Tanaka Kakuei lagi tetinjo ana ing Kutha Jakarta (14-17 Januari 1974).[1] Mahasiswa ngrancang dhémonstrasi kanggo nyambut tekané ana ing Pangkalan Udara Halim Perdanakusuma.[1] Amarga dijaga kanthi ketat, rombongan mahasiswa ora bisa mbrobos kanggo lumebu ing pangkalan udara.[1] Tanggal 17 Januari 1974 pukul 08.00, PM Jepang iku mangkat saka Pura ora sarana mobil, nanging diterkr déning Présidhèn Soeharto sarana hèlikopter saka Bina Graha menyang pangkalan udara.[1] Tekané Ketua Inter-Governmental Group on Indonesia (IGGI), Jan P. Pronk didadèkaké momèntum kanggo nindakaké dhémonstrasi antimodal asing.[1] Pucaké nalika tekané PM Jepang, Januari 1974, kang diramèni karo dhémonstrasi lan haruhara. Sawisé kadadéan dhémonstrasi kang dibarengi karo haruhara, pangobong, lan jarah rayah, Jakarta kumukus.[1] Soeharto banjur ngendheg Soemitro saka kalungguhan Panglima Kopkamtib.[1] Jabatan Asisten Pribadi Présidhèn uga dibubaraké nalika iku.[1] Kepala Bakin Soetopo Juwono digentèni déning Yoga Sugama.[1]

  1. a b c d e f g h i j "www.opensubscriber.com". Diarsip saka sing asli ing 2008-12-08. Dibukak ing 2011-09-10.

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search